Tresno: "Pangapurane bapak, IBU kula mboten nurut, taksih dolan menyang Kali.” (mbatin)
"lho iki dudu ing pinggir kali? Sapa sing nggawa aku menyang njero omah kayu tua iki?”
Rasaku, ana Wong kang mbukak lawang, ing mburiku. Suara keritan lawang saya suwe tambah banter, ora dinyana ana rasa wedi lab kuatir ing atiku. Minangka daksawang ana surah kang methungul ing lawang. Rasane aku kepengen age-age mlayu ananging ngepasi sikilku ndlamak ing lemah rasane Lara banger, awakku ngebrok tanpa daya.
Tresno: "Duh demit, setan alas wrangen kula naming numpang mboten gadah niat ngowah-owah nyuwun pangapurane demit! Kula taksih pengen urip!”
Mbah: "Owalah bocah, menyang demit was wedi. Kang musthi diwedeni iku Gusti Allah.”
Tresno: "Nggih demit,”
Mbah: "Tenan bocah iku menyang Wong tuwa ora nduwe sopan santun. Coba to melek dhisik, disawang demit apa uwong!”
Tresno: "Nuwun sewu mbah, kula kinten panjenengan menika demit Alas Wrangen. Punapa panjenengan ing kang mendhet kula saking kali?”
Mbah: "Iya, awakmu dhak temokne keli ing kali. Piye wis sehat nang?”
Tresno: "Matursuwun mbah kula sampun sehat mbah, nami kula tresna. Asmanipun panjenengan sinten?”
Mbah: "Jenengku Mbah Soca, aku wis suwe omah ing kene. Wis saiki lerena dhisik. Kahanane isih surup,mengko wengu lagi dhak terke menyang pinggir Wrangen watese desamu.”
Dak sawang Mbah Soca wis ora ana ing njero omah. Tanpa dinyana ana angin adem kang semilir. Rasa wedi tinarbuka ing atiku. Rasa ngantuk uga ora nguwati, turu kang dadi obatku.
Mbah Soca: "Tresna tangi! awakmu during maghriban to? Iku sarunge!”
Bibar sembayang maghrib lan ngisya aku diterke marang Mbah Soca ngliwati tengah alas tumuju kali water desaku lan Alas Wrangen. Ana rasa penasarana sinambi kahanan alas kang katon ayem ananging silu.
Tresno: "Mbah menawa kula angsal tangled, menapa panjenengan purun ndamel griya wonten alas menika? Criasipun simbah kula Wrangen menika wingit.”
Mbah Soca: "Heladalah, aku omah ing kene amarga kahanane kang sepi lan asri. Awakku bisa keprungu suarane rena-rena kewan. Alas Wrangen iku ora wingit nang!”
Tresno: "Lho, pripun mboten wingit, wonten tangga kula mlebet alas mriki, bibar seminggu seda.”
Mbah Soca: "Mangkene nang, sliramu kudu weruh Alas wrangen wingit iku mung pocapan kanggo njaga alas iku saka ulahe manungsa kang pengen ngrusak maneka warns kewan land tetuwuhan. Iku mung alas biasa nang!”
"Iku mangan sik nang Tresna,”
"Nang aku arep nuduhi piweling marang awakmu, tinarbukane Alas Wrangen iku wingit Ben APA anane aja diowahi, supaya alas iku ora dirusak marang manungsa kaya tanggamu Pak Tumaji kang pengen mbalak wit-witan ing kene. Alesan iku uga dadi sabab musababe Pak Tumaji seda amarga dicokot ULA nalika lagi ngethok kayu, ananging dheweke ora wani berobat menyang dokter. Nang dadia bocah kang nisa njaga alammu, ilingen kabeh kang wingit iku nduweni mangsud njaga dudu arep nggae silu land syirik marang Gusti Allah.”
Wong tekan kadowan: "Tresna! Tresna! Ing ngendhi sabamu!?”
Tresno: "Bapak! Aku ing kene pak!”
Bapak e Tresno: "Tresna! Ngandi was awakmu? Mulih sekolah ora endangered mulih malah wis tekan Alas Wrangen, untunge Gusti Allah isih njaga saengga awakmu ora dipangan demit kene. Wis ayo mulih! Ibumu gela mikirki kahananmu,”
Nekani dina iku ora ana Wong kang weruh babagan Mbah Soca, ananging says suwe akeh Wong kang wis ora percaya marang crita wingiye Alas Wrangen. Iku nggawe Wong saka njaba desaku akeh sing mbalak kayu ing kana. Aku uga wis njajal ngelingke using kumau. Ananging butuhe urep nggawe wong-wong iku wani nglanggar wingit Alas Wrangen. Kadang-kadang aku dadi mikir kepriya nasibe Mbah Soca. Menawa bapak lan ibuku ngolehi mrana aku wis mesthi ngendangi Mbah Soca. Sing dak isani mung njaluk marang Gusti Allah supaya njaga kaselametane Mbah Soca.
(Cerkak: Cerpenmu.com)
Komentar
Posting Komentar